Carita Ngayogyakarta
(Dening Zahirah Tsurayya Mufidah)
Nang mubarang dina, biyung crita
Ngayogyakarta nalika jaman semana
Jogja dhisik isih asri, Ndhuk!
Wit-wit pating rongkob
Lingkungan resik uwuh tan ana
Kaline wening nganti iso kanggo ngaca
Dalan ika dhisik kebak pit!
Saka jedhule sang surya nganti tibane wengi
Mula bayu isis kang dirasani
Dudu polusi kang marai nyeseki
Bocah biyen padha seneng dolanan!
Peplayonan ngajak kancane geguyonan
Sing lanang ngundha layangan, sing wadon padha dhakonan
Wantere srengenge tan dadi alangan, sing penting nggayuh kaharsayan
Nanging saiki pancen wolak –waliking jaman, Bu, piwalesku
Ngayogyakarta tinuju metropolitan
Gedhung-gedhung pindha danawa
Kang amah wraksa ing sakubenge
Dalan kebak wimana rodha papat
Kang brosotkake polusi udhara
Tan ana bocah dolan, tan ana bocah playonan
Dhuh Gusti, iki salah sapa?